wok iki blogq jenengq hendika riyangga yuda sekolah ing SMAN 1 DONGKO kelas xi ips3 no apsen 8, omahq nek petung bagian kulon nek mbangun q duwe adek seng jenenge afika, adikq lucu looo. pedahq vegaR abang karo heleme tunggal abang mereke INK saben budal sekolah jam 06 : 00, lak pas pasaran dadak mapir pasar tuku capar karo kucur ben warek, lak sekolah ben semangat. bar sekolah jam 1 gek nyang parkiran nyatater pedah gek nyrunthul muleh, nek pedaan rodok banter bane nganti seser nek tikungan koyo rosi tikung kono tikung kene, tinimbang nikung pacare konco jossss.
saben awan sak wise sekolah ganti klambi karo nyupot sepatu langsung nyang pawon nyandak piring karo upo lawue teri goreng, langsung lungguh madep mantep nyawang tv karo nyonggo piring. sakwise madang gae kopi nytu jan mantep poool jooo. saiki jam 9 wengi wes wayae mancal kemol nek kasor pas turu aq ngipi nk alas wengi wengi golek gaser lak akeh ti goreng nganti garing. pas arep muleh senterq mati krusak krusek nyampar nyandung bar ngono blasruk nyang kuburan neng ulu nganti mrinding ngrasakne howo adem, makk nyesss. bar ngono mendunge ilang maleh padang mbulan terus q roh dalan muleh tapi kok koyo enk seng ancul ancul nek ger kono ringen bar ngono q mlayu nganti cedek omhq bar ngono pas nek ngarep raupan q enk pocongg q lngsung jumbul, jjjjjjaaaaaannnnngggggkkkkkrrrrrrrrekkkkkkk, aq mlayu tibo kesandung tibae q nyeblok ko kasur q langsungg tangii. pon mekanten saking kulo hendika .
SEMOGA MENGHIBUR
pas pramuka

seng yakin
Minggu, 10 September 2017
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
CERITA RAKYAT INDONESIA SI CINDELARAS DAN JOKO TARUB
Cindelaras Cerita Rakyat Halo semua, kalian pasti senang membaca buku ya, jika benar, saya akan berbagi...

-
👹👹 SOAL TIK PILIHAN GANDA SEMESTER 1 KELAS XI 👹👹 1. Internet Service Provider merupakan kepanjangan.... a. ...
-
Cindelaras Cerita Rakyat Halo semua, kalian pasti senang membaca buku ya, jika benar, saya akan berbagi...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar